Senin, 29 Agustus 2016

Wawancara Tema Sekolah Adiwiyata dalam Bahasa Jawa

Edit Posted by

Wawancara Tema Sekolah Adiwiyata
Tika     : “Permisi, sugeng enjing.”
Dewi    : “Sugeng enjing.”
Tika     : “Nyuwun sewu, saget nyuwun wektune sekedap?”
Dewi    : “Oh nggeh, mangga.”
Tika     : “Mekaten, kula ajeng nangkletaken bab-bab seputar sekolah ADIWIYATA. Punapa definisi saking sekolah ADIWIYATA niku?”
Dewi    : “Sekolah ADIWIYATA inggih menika sekolah kang peduli lingkungan lan berwawasan global.”
Tika     : “Kapan ajeng dilaksanaken program adiwiyata?”
Dewi    : “Nggeh saking sakniki.Dados saking sakniki sampun dilaksanaaken hal-hal alit kangge ndadsake SMA N 1 Toroh dados sekolah kang indah,resik,nyaman lan rapi.”
Tika     : “Sinten mawon kang berperan penting wpnten ing pelaksanaan Adiwiyata?”
Dewi    : “Sedaya warga sekolah SMAN 1 Toroh gadah peran penting.”
Tika     : “Ing pundi mawon papan utawa area ingkang badhe diresiki lan ditata kangge penilaian Adiwiyata mengke?”
Dewi    : “Nggeh,sedaya papan lan sudut-sudut sekolah ingkang sampun mboten terawat.Nanging ingkang pertama kito kedah ngrubah kebiasaan warga SMAN 1 Toroh kangge jagi kebersihan lan guwak sampah ing wadahe.”
Tika     : “Pripun proses nglasanakake program Adiwiyata kasebut.”
Dewi    : “Ing antarane inggih menika kalen nglakoni pengelolaan toyo,ngirit energi listrik.Pengelolaan sampah dados pupuk kompos,lan pengelolaan halaman sekolah kangge di dadosaken taman sekolah.”
Tika     : “Punapa tujuan saking Adiwiyata.”
Dewi    : “Tujuanne inggih menika mujudaken warga sekolah kang tanggung jawab wonten upaya perlindungan lan pengelolaan lingkungan.”
Tika     : “Napa mawon manfaat saking Adiwiyata.”
Dewi    : “Manfaat Adiwiyata antaranipun inggih menika ngrubah perilaku warga sekolah kangge nglakoni budaya pelestarian lingkungan lan ningkataken efisiensi wonten pelaksanaan kegiatan operasional sekolah.”
Tika     : “Oh nggeh mpun.Matur suwun atas wektunipun lan penjelasanipun.Mugi-mugi saget bermanfaat kangge kita sedaya.Sugeng enjing.”
Dewi    : “sami-sami.Sugeng enjing.”